Banyumas | mediasinarpagigroup.com – Diajeng,tresnaku kang mung siji iki, tak jaga kanti titi lan premati, rinengga kalawan setyaning lathi, tulusing ati, ikhlasing pakarti.
Dene sambang liringing netra kang tansah dadi kumejoting ati, tuwin kem bang paringaning mitra, kang tansah dadi pangli- puring ati, kinantia dadi pangesti, lestari ing tem- be mburi, iya mung slira mu diajeng, putri gegantilaning ati, kang ba kal tak kanteni, tak enteni tumekaning titi lan wanci.
Nalika wancining bengi – wis tumekaning ratri, pi- rengna kumandhanging – kendhang, piarsakna pa- ngungeling suling, piartikna parikaning gen dhing, saka putra lelana, kang lagia nyawang wit- ing asmara, nyandhang – isining pangrasa, nyabrang ilining panarima, angupadi mring sejatining tirta, san tosaning cipta, sampurna ning brata, anggayuh – mring luhuring sukma, sucining raga, sipating – satria, anggraita mring – wewa …..wewayanganing mangsa, wasisaning manungsa, wangsitaning panguwasa, angopeni mring omahing nyawa, owahing hawa, obahing bawa, kanti prihatining rasa, rilaning karsa, talining waskita, iya lumaraping urip, lampiraning nasib, lambaraning gaib.
Duh diajeng ayu, baya kapan lara-lapa iki enggal oncat, saka ati kang semplah, kang semplah, kang kebak rasa ing panalangsa.(Bumi Satria, 11 Desember 2024).